Teks Khutbah Jumat Basa Jawa Singkat – MIWITI WULAN MUHARRAM KANTHI AMAL KESAENAN

Teks Khutbah Jumat Basa Jawa Singkat - MIWITI WULAN MUHARRAM KANTHI AMAL KESAENAN

Teks Khutbah Jumat Basa Jawa Singkat – MIWITI WULAN MUHARRAM KANTHI AMAL KESAENAN

أَلْخُطْبَةُ الْأُوْلَى

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ مُصَرِّفِ الْأَوْقَاتِ وَالدُّهُوْرِ. وَمُدَبِّرِ الْأَحْوَالِ فِى الْأَيَّامِ وَالشُّهُوْرِ. وَمُسَهِّلِ الصِّعَابِ وَمُيَسِّرِ الْأُمُوْرِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَاشَرِيْكَ لَهُ الرَّحِيْمُ الْغَفُوْرِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهَ وَرَسُوْلُهُ الشَّكُوْرُ الصَّبُوْرُ.

اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصْحَابِهِ وَضَاعِفِ اللَّهُمَّ لَهُمُ الْأُجُوْرَ.

أمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللَّهِ, فَقَدْ فَازَ مَنِ اتَّقَى وَخَابَ مَنْ طَغَى.

Jamaah sholat Jumat hafidhakumullah,

Monggo sareng-sareng ningkataken taqwalloh, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printah-printah-Ipun soho nebihi sedoya awisan-awisan-Ipun. Sepados kitho sedoyo manggehaken kawilujengan soho kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.

Gilir-gumantinipun dinten, wulan soho tahun estu cepet sanget. Mboten krahos, kita sampun lumebet wonten tahun hijriyyah engkang enggal, 1443. Kanthi datengipun tahun enggal, ateges soyo caket kita dateng ajal utawi kematian. Kontrak gesang kita wonten ngalam dunyo ugi soyo telas.

Subhanallah, Alloh Subhanahu wa Ta’ala andadosaken awal tahun hijriyyah dipun wiwiti kalian wulan haram, lan ugi dipun pungkasi kalian wulan haram. Tahun hijriyyah dipun wiwiti wulan Muharrom lan dipun pungkasi kaliyan wulan Dzulqo’dah. Dipun wastani wulan Muharrom, kranten Alloh swt ngararamaken peperangan lan konflik wonten ing wulan mulyo meniko. Wulan Muharrom meniko ugi kalebet wulan-wulan harom,  inggih meniko Muharrom, Dzulhijjah, Dzulqo’dah, lan Rojab.

Imam Fakhruddin ar-Razi wonten Tafsiripun anjelasaken bilih saben-saben penggawe maksiat wonten wulan harom bade kawales sikso engkang aurat, semanten ugi, nindaaken ibadah dateng Alloh bade dipun lipatgandaaken ganjaranipun. Panjenenganipun ngendiko:

وَمَعْنَى الْحَرَمِ: أَنّ الْمَعْصِيَّةَ فِيْهَا أَشَدُّ عِقَاباً وَالطَّاعَةَ فِيْهَا أَكْثَرُ ثَوَاباً

“Maksud tembung haram inggih meniko, estu nindaaken maksiat wonten wulan kasebat kabales sikso engkang berat, lan nindaaken taat wonten wulan kasebat ganjaranipun langkung kathah.”

Jamaah sholat Jumat hafidhakumullah,

Wulan Muharrom meniko momentum sae kangge ningkataken kesaenan soho ketakwaan dateng Allah. Kita kedah ngoptimalaken wulan meniko kanthi nindaaken macem-macem amal kesaenan, hinggo wulan-wulan candakipun kita bade gampil nindaken soho ningkataken macemipun amal kesaenan. Paro ‘ulomo andawuhaken:

مَنْ كَانَتْ بِدَايَتُهُ مُحْرِقَةً كَانَتْ نِهَايَتُهُ مُشْرِقَةً

“Sopo wae kang kawitan e ngobong (tenanan), mongko pungkasane dadi padang (gampang).”

Kita kedah anggadahi tekat kuat nindaaken amal kesaenan wonten awal tahun meniko, sami ugi amalan umum utawi amalan khusus wonten wulan Muharrom meniko. Amalan-amalan khusus engkang dipun perintahaken kagem kita wonten wulan Muharram antawisipun:

Ngthah-ngathahaken poso sunnah mutlak

Poso mutlak inggih puniko poso engkang kita tindaaken kanthi niyat nambah ganjaran soho ngeparek dateng ngarso Alloh. Kita pareng nindaaken siyam wonten sebagian besar dinten wulan Muharrom meniko. Sami ugi wonten dinten-dinten awal, pertengahan utawi dinten-dinten akhir. Hal meniko dipun dasaraken kaliyan dawuh pangandikonipun Knjeng Nabi saw:

أَفْضَلُ الصِّيَامِ بَعْدَ شَهْرِ رَمَضَانَ صِيَامُ شَهْرِ اللَّهِ الْمُحَرَّمِ. (رواه مسلم)

“Poso paling utami sak ba’dane wulan Romadhon inggih puniko poso wonten wulanipun Alloh engkang nami Muharrom.” (HR. Muslim)

Nindaaken poso ‘Asyuro’

Poso Asyura’ inggih puniko poso tanggal sedoso Muharrom. Keutamaanipun poso Asyuro’ meniko saget anglebur doso-doso setahun ingkang sampun kalampah. Abu Qotadah al-Anshori ra. ngendiko:

سُئِلَ عَنْ صَوْمِ يَوْمِ عَاشُوْرَاءَ فَقَالَ: يُكَفِّرُ السَّنَةَ الْمَاضِيَةَ. (رواه مسلم)

“Rosul saw. nate dipun dangu poso dinten ‘Asyura’, lajeng panjenenganipun njawab: “Ngebur doso-doso setahun engkang klewat.” (HR. Muslim)

Nyampurnaaken kanthi poso Tasu’a’

Poso Tasu’a’ inggih meniko poso tanggal songo wulan Muharrom. Arikolo sugengipun Rasulalloh saw dereng sempat nindaaken siyam meniko. Mung kemawon, setunggal tahun sak derengipun wafat panjeneganipun bertekat bade nindaaken poso Tasu’a’ meniko kanthi dawuh:

لَئِنْ بَقِيْتُ إِلَى قَابِلٍ لَأَصُوْمَنَّ التَّاسِعَ. (رواه مسلم)

“Yekti lamun aku menangi urip tahun ngarep, aku arep poso dino kaping songo (Muharrom).” (HR. Muslim)

Sampun kita maklumi, bilih tyang-tyang Yahudi lan tyang-tyang Arab jahiliyyah sami nindaaken siyam tanggal sedoso Muharram. Kranten meniko, Rosul saw nambahaken siyam tanggal songo Muharrom supados kaum muslimin mbenteni kaliyan tyang-tyang Yahudi soho kaum musyrikin, serto mboten nyeruponi ritual ibadahipun.

Maringi tambahan nafkah kagem anak istri

Rasulalloh Muhammad saw dawuh:

مَنْ وَسَّعَ عَلَى أَهْلِهِ يَوْمَ عَاشُوْرَاءَ أَوْسَعَ اللَّهُ عَلَيْهِ سّنَتَهُ كُلَّهَا. (رواه الطبراني)

“Sopo wonge pareng kajembaran nafkah kanggo keluwargane ono dino ‘Asyura’, Alloh bade pareng jembare rizki sepanjang tahun.” (HR. ath-Thabrani)

Mboten wonten lepatipun wenawi kita nambah arto belanjo kagem keluwargo wonten wulan Muharrom lan wulan-wulan sak candakipun. Kejawi mergi kebetahan pokok saben tahun pancen mindak reginipun, ugi ganjaran pareng nafkah dateng keluwargo langkung ageng. Ibnu Uyainah ngendiko: “Aku wes buktikake selami seket tahun utawi suwidak tahun, aku ora ningali kejobo keapikan.”

Jamaah sholat Jumat hafidhakumullah,

Sebab menopo tanggal sedoso Muharram dipun sebat dinten Asyuro’? Badaruddin al-‘Aini wonten kitabipun Umdatul Qari’ anjelasaken setunggal pendapat bilih wonten dinten ‘Asyura’ Alloh pareng kemulyaan soho kehormatan dateng sedoso nabi-Nipun. Inngih meniko: (1) kemenangan Nabi Musa dateng Fir’aun, (2) pendaratan kapal Nabi Nuh, (3) keselamatan Nabi Yunus medal saking perut ikan, (4) ampunan Alloh dateng Nabi Adam AS, (5) keselamatan Nabi Yusuf medal saking sumur pembuangan, (6) kelahiran Nabi Isa AS, (7) ampunan Alloh kagem Nabi Dawud, (8) kelahiran Nabi Ibrahim AS, (9) Nabi Ya’qub saget mersani malih, lan (10) ampunan Alloh kagem Nabi Muhammad, sami ugi kesalahan engkang sampun klewat utawi engkang bade katindaaken.

Kejawi meniko, poro ulomo ugi anjelasaken keistimewaan-keistimewaan poro nabi wonten dinten ‘Asyura’, kados minggahipun Nabi Idris dateng panggenan wonten langit, sembuhipun Nabi Ayub saking penyakit, lan pengangkatan Nabi Sulaiman dados raja.

Saking kedodosan-kedadosan wonten nginggil, dinten ‘Asyuro’ meniko dinten engkang sanget istimewa. Kranten meniko, dinten ‘Asyura’ dados momentum sae kagem nulodoni akhlak poro nabi, akhlak engkang mulyo, lemah lembut, soho menjunjung tinggi kasih sayang, bebagi dateng anak-anak yatim, tuwin kerukunan. Ngedohi keawonan, penghinaan, kekerasan, permusuhan, lan adu domba. Imut, kesaenan wonten wulan meniko dipun lipatgandaaken ganjaranipun. Keawonan wonten wulan meniko dipun lipatgandaaken dosa lan malapetakanipun.

Jamaah shalat Jumat hafidhakumullah,

Mugi-mugi kanti ngoptimalaken wulan Muharrom meniko kanthi nindaaken  amal-amal kesaenan, Alloh pareng kemudahan kita ngoptimalaken wulan-wulan candakipun kanti amal-amal kesaenan hinggo kita saget anggayuh kebahagiaan wonten dunyo lan keselamatan wonten akhirat. Aamiin.

وَاللَّهُ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَى يَقُوْلُ. وَبِقَوْلِهِ يَهْتَدِى الْمُهْتَدُوْنَ. أَعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللَّهَ. إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ.

 باَرَكَ اللهُ لِيْ وَلكمْ فِي القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيّاكُمْ بِالآياتِ والذِّكْرِ الحَكِيْمِ.  إنّهُ تَعاَلَى جَوّادٌ كَرِيْمٌ مَلِكٌ بَرٌّ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ.

أَلْخُطْبَةُ الثَّانِيَّةُ

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ وَكَفَى. وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى. وَعَلَى آلِهِ وَأَصْحَابِهِ أَهْلِ الْوَفَا. أمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ،أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ. أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ. فَقَالَ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ. كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ. كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ. فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ ارْفَعْ وَادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْن وّفِرُوسْ قَرَنَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ،عَنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَعَنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً. إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْعَفْوَ والْعَافِيَةَ وَالْمُعَافَاةَ الدَّائِمَةَ فِى الدِّيْنِ وَالدُّنْيَا وَالْآخِرَةَ. رَبَّنَا آتِنَا فِى الدُّنْيأ حَسَنَةً, وَفِى ألآخِرَةِ حَسَنَةً, وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعّالّمِيْنَ.

عِبَادَ اللهِ. إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَاشْكُرُوْا عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُؤْتِكُمْ. وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ.

Muqorrobin

Wakil Katib PCNU Ponorogo

https://nuponorogo.or.id/teks-khutbah-jumat-basa-jawa-singkat-miwiti-wulan-muharram-kanthi-amal-kesaenan/

Author: Tim Redaksi