Khutbah Idul Fitri 1443 H – BENGKEL ROMADHON LAN SILATURROHIM (Basa Jawa)

Ketika 1 syawal atau hari raya Idul Fitri tiba, maka seluruh umat Islam disunnahkan untuk melaksanakan sebuah ibadah sholat yang dilaksanakan di pagi harinya yaitu sholat Idul Fitri atau Sholat Id. Pagi hari untuk Sholat Idul Fitri ini adalah saat dimulai dari terbit matahari sampai tergelincirnya.

Kemudian setelah salat Id, para jamaah dianjurkan untuk mendengarkan khutbah idul fitri yang dibawakan oleh khatib. Maka daripada itu, bagi anda yang kebetulan bertugas sebagai khatib pada hari raya idul fitri 2022 ini, kali ini kami memberikan naskah khutbah idul fitri 2022 singkat yang bisa anda jadikan referensi.

Bagi anda yang ingin memposting ulang (repost) khutbah ini di website anda, maka silahkan cantumkan backlink di paragraf pertama. Terima Kasih, Semoga Bermanfaat dan Semoga Berkah.

Khutbah Idul Fitri 1443 H - BENGKEL ROMADHON LAN SILATURROHIM (Basa Jawa)
Khutbah Idul Fitri 1443 H – BENGKEL ROMADHON LAN SILATURROHIM (Basa Jawa)

أَلْخُطْبَةُ الْأُوْلَى

(أَللَّهُ أَكْبَرُ. أَللَّهُ أَكْبَرُ. أَللَّهُ أَكْبَرُ). (أَللَّهُ أَكْبَرُ. أَللَّهُ أَكْبَرُ. أَللَّهُ أَكْبَرُ). (أَللَّهُ أَكْبَرُ. أَللَّهُ أَكْبَرُ. أَللَّهُ أَكْبَرُ). أَللَّهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللَّهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً. لاَ إِلَهَ اِلاَّ اللَّهُ وَاللَّهُ أَكْبَرْ. أَللَّهُ أَكْبَرْ. وَ لِلَّهِ اْلحَمْدُ.

أَلْحَمْدُ ِللَّهِ الْمُنْفَرِدِ بِالْقَدْرِ وَالْبَقَاءِ. وَالْعَظَمَةِ وَالْكِبْرِيَاءِ. وَالْعِزِّ الَّذِى لَايُرَامُ. الَّذِى لَايُمَثِّلُهُ الْعَقْلُ وَلَايَحُدُّهُ الْفِكْرُ وَلَاتُدْرِكُهُ الْأَوْهَامُ. أَحْمَدُهُ عَلَى جَمِيْعِ نِعَمِهِ الْوَافِرَةِ الْجِسَامِ. وَأَسْئَلُهُ حِفْظَ نِعْمَةِ الْإِيْمَانِ وَالْإِسْلَامِ.

وَأَشْهَدُ أَنْ لآ إِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهُ إِلَهٌ اعْتَزَّ بِهِ مَنْ عَزَّ فَلَايُضَامُ. وَذَلَّ مَنْ تَكَبَّرَ عَنْ أَمْرِهِ وَلَقِيِ الْآثَامَ. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِي بَيَّنَ طَرِيْقَ الْقَوَامِ. اللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ مَادَامَتِ السِّنُوْنَ وَالْأَعْوَامُ.

أَمّأَبَعْدُ فَيَآ أَيُّهَا النَّاسُ. إِتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تَقْوَاهُ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ يَوْمَكُمْ هٰذَا يَوْمٌ عَظِيْمٌ ، وَعِيْدٌ كَرِيْمٌ، يَوْمُ خُرُوْجِ الصَّائِمِيْنَ الطَّائِعِيْنَ مِنَ الذُّنُوْبِ.،أَحَلَّ اللَّهُ لَكُمْ فِيْهِ الطَّعَامَ. وَحَرَّمَ عَلَيْكُمْ فِيْهِ الصِّيَامَ. فَهُوَ يَوْمُ تَسْبِيْحٍ وَتَحْمِيْدٍ وَتَهْلِيْلٍ وَتَعْظِيْمٍ وَتَمْجِيْدٍ فَسَبِّحُوْا رَبَّكُمْ فِيْهِ وَعَظِّمُوْهُ وَتُوْبُوْا إِلَى اللَّهِ وَاسْتَغْفِرُوْهُ.

Jamaah shalat Idul Fitri hafidzo kumulloh….

Kula wasiyat dateng pribadi kula, umumipun dumateng panjenengan sedaya, mangga sami ningkataken taqwa dateng Allah saha syukur dateng sedaya  nikmat engkang kaparengaken dateng kita sedaya. Utaminipun nikmat iman saha Islam. Allah sampun ridho Islam dados agama lan pandangan gesang kita.

Allahu Akbar 3 x Walillahil Hamd

Jamaah shalat Idul Fitri hafidzo kumulloh….

Langkung rumiyen kulo aturaken ucapan

     من العائدين والفائزين والمفبولين. كلَّ عام وأنتم بالخير

Wonten ing enjing meniko, wonten ing dinten Idul Fitri, kaum muslimin saget serempak menikmati rampungipun ibadah siyam setunggal wulan, rampungipun sholat tarawih, rampungipun tadarus saha rampungipun qiyamullail kanti sukses, aman, sehat walafiyat. Hinggo enjing meniko serempak nindaaken sholat Idul Fitri sesarengan keluarga, tanggi tepalih sanak kerabat lan kaum muslimin, kanthi khusuk, kanthi nerapaken protokol kesehatan, sebab saat meniko taksih masa pandemi Covid-19.

Jamaah shalat Idul Fitri hafidzo kumulloh….

Nembe kemawon kita ngerampungaken gemblengan wonten ing wulan Romadhon kagem pelatihan ruhaniyah. Kita ngayahi servis setunggal wulan muput. Kita menyadari bilih fisik lan ruhani kita meniko ibarat mesin engkang kedah dipun servis total wonten ing bengkel. Kathi lumebet kita wonten ing Bengkel Romadhon, jasmani lan ruhani kita dipun harap meningkat saha berkembang kesaenanipun. Meningkat amal shalihipun lan sudo amal awonipun.

Kekarepan utawi kepinginan engkang berlebih engkang mboten proporsional mesthinipun kedah dipun tekan wonten batas engkang wajar. Paling mboten saget dipun kirangi, supados kita saget mujudaken pagesangan engkang langkung sederhana ugi wonten suasana engkang harmonis.

Allah swt paring pepeling dateng tyang-tyang engkang berlebih-lebihan:

وَلَا تُسْرِفُوْا. إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِيْنَ.

“Lan siro kabeh ojo podo leluwihan. Saktemene Allah ora seneng marang wong kang podo leluwihaan”.

Allahu Akbar 3 x Walillahil Hamd

Jamaah shalat Idul Fitri hafidzo kumulloh….

Wonten ing wulan Romadhon kepengker, kualitas kamanungsan tyang muslim dipun uji, dipun evaluasi lajeng dipun revisi kagem tolok ukur kados pundi kualitas taqwanipun.

  • Kanthi siyam Romadhon kepengker, nopo kita saget ngendaleaken angkoro murko engkang ngrugiaken kita?
  • Kanthi siyam Romadhon kepengker, nopo kita mampu nyingkiraken kebencian lan raos dendam ing antwisipun kita?
  • Kanthi siyam Romadhon kepengker, nopo kita mampu nambahi sregep kita ngibadah dateng Allah?
  • Kanthi siyam Romadhon kepengker, nopo kita mampu numbuaken raos kebersamaan lan jiwa sosial dateng sesami?

Nopo malah ibadah siyam Romadhon kita mboten wonten atsar utawi bekas sae wonten diri kita? Na’udzubillah min dzalik.

Romadhon sampun ngistirahataken kerja organ biologis kita sementara waktu. Siyam milai fajar ngantos maghrib meniko tujuanipun supados nafsu kita kulino ngendaleaken dahar, ngunjuk lan hubungan biologis engkang mboten halal. Keserakahan hidup biasanipun dipun milai saking keserakahan ngosumsi tigang perkawis kasebat.

Berkurangipun beban hidup lan tekanan batin sak sampunipun nglampahi terapi siyam saha qiyamullail wonten ing wulan Romadhon bade tambah sampurno kanthi datengipun Idul Fitri. Perayaan Idul Fitri meniko hiburan murah lan obat gratis kagem marasaken sedaya  derita kita. Idul Fitri saget menyatukan anggota keluarga engkang tercerai berai. Idul Fitri saget ngobati rindunipun tyang sepuh dateng anak-anakipun. Idul Fitri maringi kesempatan anak mbukteaken bektosipun dateng tyang sepuh. Idul Fitri saget ngemutaken  masa lalu indah kita sesarengan keluarga wonten kampung halaman. Sedaya  meniko sagen andatengaken keberkahan umur saha gampilipun rizqi. Kados pangandikanipun Kanjeng Nabi SAW:

مَنْ أَحَبَّ أَنْ يُمَدَّ لَهُ فِي عُمْرِهِ، وَأَنْ يُزَادَ لَهُ فِي رِزْقِهِ، فَلْيَبَرَّ وَالِدَيْهِ، وَلْيَصِلْ رَحِمَهُ . (رواه الهيتمي)

“Sopo kang seneng dipanjangne umure lan dijembarne rizqine, mongko becik ambagusano marang wongtuwone lan nepungo sanak (silaturrohim)”. HR. Bukhari

Kranten menopo silaturrohim saget dawaaken umur lan anjembaraken rizqi? Sejatosipun menawi kita angen-angen dawuh pangandikanipun Kanjeng Nabi meniko logis poro jamaah. Tyang engkang nyambung kefamilian anggadai manfaat:

  • Dipun cintai lan dipun remeni familinipun
  • Ngilangaken kesalah pahaman
  • Pikantuk kathah informasi sosial, hinggo jembar wawasanipun
  • Saget nglepas kelesuan jiwa engkang dipun adepi
  • Dados rekreasi engkang positif

Kanthi silaturrohim, jiwa kados pikantuk refreshing (penyegaran) lan bade andadosaken awet muda. Sedaya kesulitan akibat problem kantor lan rumah tangga saget tersalurkan, jiwa senantiasa fresh (seger} hinggo penyakit mboten bade bersarang. Artosipun umur bade panjang sebab Allah engkang andadosaken mekaten.

Rizqi ugi bade dipun jembaraken Allah kranten tyang engkang remen silaturrohim otomatis kathah kenalanipun, kathah koneksinipun. Kanti mekaten relasi tambah kathah hinggo gampil ngembangaken rizqinipun.

Allahu Akbar 3 x Walillahil Hamd

Jamaah shalat Idul Fitri hafidzo kumulloh….

Idul Fitri meniko momentum engkang tepat sanget kagem silaturrohim lan sungkem bekthi dateng tyang sepuh, sanak raket, tanggi tepalih lan tetepangan, utaminipun dateng tyang engkang langkung sepuh usianipun. Malah-malah wonten engkang mastani wulan Syawwal meniko wulan silaturrohim kranten kataha-katahaipun kober ipun nggih wanci Syawal kados mekaten. Silaturrohim meniko nepung utawi menjalin kefamilian (kekerabatan). Sedaya  ulama’ sepakat hukumipun wajib lan ninggalaken ketatrapan dosa ageng. Adedasar firmanipun Allah:

وَاتَّقُوا اللَّهَ الَّذِي تَسَاءَلُونَ بِهِ وَالْأَرْحَامَ ۚ إِنَّ اللَّهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيبًا

Allah bade nibaaken adzab langsung wonten dunya kagem tyang engkang medot kekerabatan (paseduluran). Kanjeng Nabi SAW dawuh:

مَا مِنْ ذَنْبٍ أَجْدَرُ أَنْ يُعَجِّلَ اللَّهُ لِصَاحِبِهِ الْعُقُوبَةَ فِي الدُّنْيَا مَعَ مَا يَدَّخِرُ لَهُ فِي الآخِرَةِ مِنَ الْبَغْيِ وَقَطِيعَةِ الرَّحِمِ.

“Ora ono doso kang pantes dicepetne Allah siksone ono donyo serto siksane neng akhirat, tinimbang dholim lan medot paseduluran”.

Wonten era kecanggihan lan keterbukaan kados sak mangke, silaturrohim saget dipun wujudaken kanthi ketemu fisik, kirim hadiah lan ugi saget lewat media sosial. Pramilo mboten wonten alasan engkang dipun tampi kita mutus pasederean, kathah coro kita tetep saget sambung kalian poro kerabat kita.

Babagan manfaat silaturrohim sampun dipun jabaraken gamblang wonten ing kitab Tanbihul Ghofilin karya Asy-Syaikh Nasr bin Muhammad bin Ibrahim As-Samarqondi, panjenenganipun njabraken manfaat saking silaturrohim:

وَاعْلَمْ بِأَنَّ فِي صِلَةِ الرَّحِمِ عَشْرَ خِصَالٍ مَحْمُودَةٍ، أَوَّلُهَا أَنَّ فِيهَا رِضَا اللَّهِ تَعَالَى، لِأَنَّهُ أَمَرَ بِصِلَةِ الرَّحِمِ. وَالثَّانِي: إِدْخَالُ السُّرُورِ عَلَيْهِمْ. وَقَدْ رُوِيَ فِي الْخَبَرِ أَنَّ أَفْضَلَ الْأَعْمَالِ إِدْخَالُ السُّرورِ عَلَى الْمُؤْمِنِ. وَالثَّالِثُ أَنَّ فِيهَا فَرَحَ الْمَلَائِكَةِ لِأَنَّهُمْ يَفْرَحُونَ بِصِلَةِ الرَّحِمِ. وَالرَّابِعُ أَنَّ فِيهَا حُسْنَ الثَّنَاءِ مِنَ الْمُسْلِمِينَ عَلَيْهِ. وَالْخَامِسُ أَنَّ فِيهَا إِدْخَالَ الْغَمِّ عَلَى إِبْلِيسَ عَلَيْهِ اللَّعْنَةُ، وَالسَّادِسُ: زِيَادَةٌ فِي الْعُمْرِ. وَالسَّابِعُ: بَرَكَةٌ فِي الرِّزْقِ. وَالثَّامِنُ: سُرورُ الْأَمْوَاتِ. لِأَنَّ الْآبَاءَ وَالْأَجْدَادَ يُسَرُّونَ بِصِلَةِ الرَّحِمِ وَالْقَرَابَةِ. وَالتَّاسِعُ: زِيَادَةٌ فِي الْمَوَدَّةِ، لِأَنَّهُ إِذَا وَقَعَ لَهُ سَبَبٌ مِنَ السُّرورِ وَالْحُزْنِ يَجْتَمِعُونَ إِلَيْهِ وَيُعِينُونَهُ عَلَى ذَلِكَ، فَيَكُونُ لَهُ زِيَادَةً فِي الْمَوَدَّةِ. وَالْعَاشِرُ: زِيَادَةُ الْأَجْرِ بَعْدَ مَوْتِهِ لِأَنَّهُمْ يَدْعُونَ لَهُ بَعْدَ مَوْتِهِ كُلَّمَا ذَكَرُوا إِحْسَانَهُ.

Manfaat silaturrohim:

  1. Andadosaken ridhonipun Allah, kranten Allah printah silaturrohim
  2. Gawe seneng dateng tyang sanes
  3. Gawe seneng poro malaikat, kranten malaikat remen dateng silaturrohim
  4. Dados sebutan sae kagem tyang engkang silaturrohim
  5. Andadosaken susah e iblis
  6. Nambahi umur
  7. Berkah rizqinipun
  8. Gawe seneng dateng tyang-tyang engkang sampun wafat. Tyang sepuh lan mbah-mbah kita remen menawi ningali anak cucunipun rukun lan sami silaturrohim.
  9. Nambahi raos cinta kasih lan kebersamaan wonten keluarga
  10. Nambahi ganjaran sak sampunipun wafat. Kranten tyang-tyang sami kemutan kesaenanipun lajeng sami doaaken.

Allahu Akbar 3 x Walillahil Hamd

Jamaah shalat Idul Fitri rohima kumulloh….

Alhamdulillah kita syukur dateng Allah, wonten wulan Romadhon kepengker kita tetep khusuk saha antusias nindaaken kuwajiban, sunnah tuwin anjuran ing wulan Romadhon. Wonten Idul Fitri meniko pemerintah maringi kelonggaran dipun parengaken mudik, silaturrohim pepanggihan kalian tyang sepuh, sanak kerabat lan tanggi tepalih kita. Mugi-mugi sedaya  rangkaian ibadah kitha wonten wulan Romadhon meniko dipun tampi Allah, dipun lipatgandaaken ganjaranipun, dipun ampuni doso-doso kitha, dipun kabulaken doa kita, soyo rumakep paseduluran kita, terasah kepedulian sosial kita, sehat jasmani lan ruhani kita tuwin dipun panggihaken malih kalian Romadhon tahun candakipun kanthi sehat afiyat. Aamiin

جَعَلَنَا اللَّهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِيْنَ الْفَائِزِيْنَ الْمَقْبُوْلِيْنَ. وَأَدْخَلَنَا فِى زُمْرَةِ عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ. أعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ: قَدْ أَفْلَحَ مَنْ تَزَكَّى. وَذَكَرَ اسْمَ رَبِّهِ فَصَلَّى.

بَارَكَ اللَّهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيِّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ اْلعَلِيْمُ.. وَاسْتَغْفِرُوْهُ, اِنَّهُ هُوَاْلغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ.

الْخُطْبَةُ الثَّانِيَّةُ

أَللَّهُ أَكْبَرُ (x7)  أَللَّهُ أَكْبَرُ كَبِيْرًا وَاْلحَمْدُ لِلَّهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللَّهِ بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللَّهُ وَاللَّهُ أَكْبَرْ أَللَّهُ أَكْبَرُ وَلِلَّهِ اْلحَمْدُ.

اْلحَمْدُ ِللَّهِ الَّذِي مَنْ عَلَيْنَا بِفَضْلِهِ الْجَسِيْمِ, اِذْ مَنَّ عَلَيْنَا بِمُحَمَّدٍ اَفْضَلِ الْخَلْقِ اَجْمَعِيْنَ, فَهَدَانَا اِلَى دِيْنِ الْحَقِ وَالصِّرَاطِ الْمُسْتَقِيْمِ. وَاَشْهَدُ اَنْ لآ اِلَهَ اِلاَّ اللَّهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْكَرِيْمِ الْحَلِيْمِ, وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ الَّذِي خَصَّ بِالْخُلُقِ الْعَظِيْمِ صَلَّى اللَّهُ عَلَي سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ اَلَّذِيْنَ فَازُوْا بِالْحَظِّ وَسَلَّمَ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا.

اَمَّا بَعْدُ: فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا ا اللَّهَ فِيْمَا اَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَزَجَرَ. وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللَّهَ اَمَرَكُمْ بِاَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَّى بِمَلآئِكَتِهِ فَقَالَ تَعاَلَى اِنَّ اللَّهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ اَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى رَضِيَ اللهُ تَعَالَى عَنْهُمْ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ.

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ

اَللَّهُمَّ اَعِزَّ اْلاِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيْنَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَدَمِّرْ اَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَأَعْلِ كَلِمَاتِكَ اِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ.

اَللَّهُمَّ اكْفِنَا شَرَّ مَنْ يُؤْذِيْنَا وَاَهْلِكْ مَنْ اَرَادَنَا بِالسُّوءِ يَآارْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ اِرْحَمْنَا وَفَرِّجْ عَلَيْنَا وَالْمُسْلِمِيْنَ.

اللهُمَّ ارْفَعْ وَادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالْغَلَاءَ وألطَّاعُوْنَ وَكُوْرُوْنَا وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ،عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خَآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً. يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ.

رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ.

عِبَادَاللَّهِ: اِنَّ اللَّهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوا اللَّهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُؤْتِكُمْ وَلَذِكْرُ اللَّهِ اَكْبَرُ.

MUQORROBIN
Wakil Katib PCNU Ponorogo
Ketua Peribadatan Masjid NU Ponorogo

https://nuponorogo.or.id/khutbah-idul-fitri-1443-h-bengkel-romadhon-lan-silaturrohim-basa-jawa/

Author: Tim Redaksi